KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 3 KEGIATAN 1 PASINAON 2

 

WULANGAN 3 KEGIATANKU

PASINAON 1

 


Assalamualaikum wr.wb bocah-bocah

kepiye kabare dina iki?

Sakdurunge miwiti sinau ayo ndunga marang gusti Alloh SWT supaya

diparingi kelancaran ing pasinaon dina iki. 

Dina iki kita sinau ing wulangan 3 kegiatanku pasinaon 2

Ayo, disinaoni bareng-bareng!


Pasinaon 2

Mangerteni Pancadriya

pawongan mesthi duweni pancadriya

pancadriya dumunung ing awak

pancadriya gunggunge ana lima

ana indra kanggo nrasakake yaiku lidhah

indra kanggo ngingeti yaiku mata

indra kanggo ngrungokake yaiku kuping

indra kanggo demok yaiku kulit


Gatekno wacan ing ngisor iki!

Nyirami Kembang



 jenengku Suci Rahmawati

aku murid kelas 1 SD

saben setu aku seneng ngopeni kembangku

kembangku dununge ing emper omah

kembang dak tandur kaliyan ibuku

aku lan ibu seneng kaliyan kembang

kembang iku ambune arum

aku seneng banget ngambu kembang

aku ngembu gunakake irungku

saliyane iku aku seneng ngingeti kembang

ana warna abang, kuning, putih

biru, ungu lan sapanunggalane

aku ngingeti gunakake mripat

kembang agawe aku seneng

kembangku ana akeh jenise


Kamus becik

dumunung : manggon

panca : lima

perangan : bageyan

babagan : gambarake sawijining bab

gunggung : jumlah


TUGAS 

Ayo kerjakno LKS Bahasa Jawa Halaman 37


Berlangganan update artikel terbaru via email:

Belum ada Komentar untuk "KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 3 KEGIATAN 1 PASINAON 2"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel