KELAS 2 BAHASA JAWA PASINAON 2

 KELAS 2 BAHASA JAWA PASINAON 2

AYO MANGERTENI KEWAN-KEWAN

Assalamualakum....

Alhamdulillah sak meniko kita sampun ngerampungake kegiatan Penilaian Tengah

Semester 1.Mugo-mugo nilai bocah-bocah apiklan iso ngelanjutake materi kanthi bener.

Kanggo ngawali kegiyatan pasinaon basa Jawa Wulangan 3 Pasinaon 2 "Ayo 

Mangerteni Kewan-Kewan".Materi ing halaman 37-40 diwaca kanthi bener 

yen wis rampung banjur ngerjakake soal ing ngisor iki.

AYO MANGERTENI KEWAN-KEWAN

Sawise mangerteni bab teks lapuran ,banjur nulis lapuran .

Nulis lapuran ,bisa nglentrehake bab kegiyatanmu ing omah.

Saka wacan lapuran Prasaja,kowe uga bisa nyritakake maneh.

Nyritakake maneh isine lapuran miturut bahasamu dhewe.

Kowe ugo bisa nulis tugas.

Kok tulis saben dina supaya dadi teks lapuran.

GATEKNA WACAN ING NGISOR IKI  !

Jenengku Farhan Ramadhan .

Umurku kurang luwih 7 taun .

Bapakku asmane Budi Purnomo .

Wondone ibuku asmane Yayuk Saputri.

Bapakku makarya ing kebun binatang.

Mula wiwit cilik aku diajari,remen lan sayang mring kewan.

Ibu uga remen kaliyan kewan-kewan.

Amarga iku bapak lan ibu gawe kebun binatang.

Kebun binatang mini ing buri omahku.

Ancase pawiyatan kanggo Aku.

Ugo kanggo adhiku Neni babagan ngopeni kewan.

Kebun iku ambane watara 6x6 meter.

Ing kebun binatangku ana manake kewan.

Ana sapi,wedhus, manuk,lan merak.

Ana uga kucing,iwak lan sapanunggalane..

Saben dina kegiyatanku makani kewan iku.

Melu bapak ngecek kesehatan kewan.

Ayo lek wes mari diwoco ,sak iki bocah -bocah kerjakno Mangsuli

Pitakon karo Gladen ing halaman 39-40..!!

Bocah -bocah...pinter,..mesti iso ngerjakno,...bocah sholih sholikha



Berlangganan update artikel terbaru via email:

Belum ada Komentar untuk "KELAS 2 BAHASA JAWA PASINAON 2"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel