KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 4 PASINAON 2

 

 

WULANGAN 4 KELUWARGAKU

PASINAON 2 MANGERTENI UKARA PANYUWUN

 

Assalamualaikum wr.wb bocah-bocah

kepiye kabare dina iki?

sakdurunge miwiti sinau ayo ndunga marang

gusti Alloh SWT

Supaya diparingi lancar ing pasinaon dina iki.

Dina iki kita sinau ing wulangan 4 keluwargaku  ayo disimak bareng-bareng!

 

PASINAON 2

A.   Mangerteni Ukara Panyuwun

Ukara panyuwun yaiku permintaan

Ukara panyuwun gnakek tembung tulung

Ukara panyuwun diwiwiti aksara kapital

Ukara panyuwun dipungkasi titik

Nalika nyuwun kudu ngunakake unggah-ungguh

Supaya sing dijaluki ora gela

 

Ayo gatekno wacan ing ngisor iki!

 

Kegiatanku kaliyan Bapak

 





Jenengku Ari Wibawa

Bapakku asmane Pak Yanto

Bapakku pawongane gedhe dhuwur

Ananging kebak welak-asih

Bapak gemati kaliyan aku lan adhik-adhikku

Bapak dina iki prei makarya

Bapak makarya dadi guru

Yuswane bapak 45 taun

Bapak lan aku raket banget

Dina iki aku kepingin mancing kaliyan Bapak

‘’Bapak, tulung dinten niki kancani kula

Mancing nggih?’’ panyuwunku marang bapak.

Bapak katon mesem ‘’iya Ri, mancing ngendi?’’

Pitakone Bapak.

‘’Ing waduk cedhak griya nika loh pak.’’

Wangsulanku sumringah.

Bapak ngelus rambutku alus

‘’Iya ning Bapak nyuwun tulung siramake wit mlinjo ya!’’

‘’inggih pak.’’

Aku banjur jupuk selang ing pinggir omah

 

 

Gladhen

Ayo kerjakno LKS Bahasa Jawa Mangsuli Pitakon B Halaman 47.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

Belum ada Komentar untuk "KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 4 PASINAON 2"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel