KELAS 2 BAHASA JAWA MANGSULI PITAKON

        

                                                                

 Assalamualaikum wr,wb...,bocah-bocah kepriye kabare dina iki?

Sakdurung miwit sinau ayo ndungo marang gusti Allah SWT supaya

diparingi kelancaran ing pasinaon dina iki.

Dina iki kita sinau ing materi wacana banjur mangsuli pitakonan.

 Nah ,saiki coba wacanen lan gatekno wacana ing ngisor iki ,banjur wangsulono

pitakone .

                   KELUARGA PAK SLAMET         

Pak Slamet yaiku RT ing desaku.

Pawongane grapyak semanak marang wargane.

Pak Slamet duwe garwa jenenge Bu Ami.

Bu Ami pawongane kang ngraket.

Pak Slamet lan Bu Ami asring silaturahmi.

Anake  Pak Slamet ana telu.

Sing nomer siji jenenge Mas Putra.

Mas Putra sekolah ing SMA.

Anak Kapindo yaiku Bak Dayu.

Bak  Dayu sekolah ing SMP kutha.

 Sing ketelu yaiku Rini,kancaku.

Rini iku misuwur bocah pinter.

Dheweke mesthi entuk rengking siji.

Aku seneng kekancan karo Rini.

Kulawarga Pak Slamet iku rukun.

Becik solah-bawa lan unggah-ungguhe.

Mula dadi pituladhan warga desa.

Mligine kulawarga.

WANGSULONO PITAKON ING NGISOR IKI....:

1. Pak Slamet yaiku..........................ing desane penulis.

2. Pak Slamet pawongan kang.......................................

3. Pak Slamet iku duweni garwa yaiku..........................

4. Garwane Pak Slamet pawongan kang .......................

5. Anake Pak Slamet kang nomer loro yaiku.................

*Bocah bocah sing semangat ya..ngerjaake ,sampeyan kabeh mesti biso...anak pinter ...*         

Berlangganan update artikel terbaru via email:

Belum ada Komentar untuk "KELAS 2 BAHASA JAWA MANGSULI PITAKON"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel