KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 3 KEGIATANKU PASINAON 1

 WULANGAN 3 KEGIATANKU

PASINAON 1

Assalamualaikum wr.wb bocah-bocah
kepiye kabare dina iki?
Sakdurunge miwiti sinau ayo ndunga marang gusti Alloh SWT supaya
diparingi kelancaran ing pasinaon dina iki. 
Dina iki kita sinau ing wulangan 3 kegiatanku pasinaon 1
Ayo, disinaoni bareng-bareng!

Pasinaon 1
Kegiatan sedurunge sekolah

Ayo wacanen kan titi



Sekolah
Jenengku Budi Setiawan
Kegiatanku yaiku sekolah
aku mangkat sekolah saben esuk
aku sekolah kelas 1 SD
aku sekolah ing SDN Tunggak semi
saben esuk aku tangi jam 05.00 WIB
ibu nangekake aku saben esuk
kadhang ana rasa males
ananging males agawe kitho bodho
sawise tangi, aku banjur adus
banyu ing omahku iku adhem
amarga aku urip ing daerah adhem
sawise adus aku nganggo sragam
sragamku katon rapi amarga disetrikakake ibu
sawise iku aku banjur sarapan
aku biyasane sarapan roti lan susu
aku luwih seneng susu putih
aku uga digawakake bekel
sawise sarapan aku banjur mangkat
aku mangkat bareng kancaku roni
roni iku tangga omahku
ing sekolah aku akeh kancane
ana rudi, toni, wawan, ragil
lan isih akeh banget
aku seneng sekolah
saliyane nambah kaweruh uga nambah kanca

Kamus Kecik
1. Mangkat : Budhal
2. Banjur : Terus
3. Katon : Kethok
4. Irah-irahan : Judul
5. Nangekake : Mbugah
6. Gladhen : Tugas


Gladhen
Ayo wangsulana pitakon-pitakon ing halaman 35 nomer 1 nganti 10 !


Berlangganan update artikel terbaru via email:

Belum ada Komentar untuk "KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 3 KEGIATANKU PASINAON 1"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel