KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 3 KEGIATAN 1 PASINAON 2
WULANGAN 3 KEGIATANKU
PASINAON 1
Assalamualaikum wr.wb bocah-bocah
kepiye kabare dina iki?
Sakdurunge miwiti sinau ayo ndunga marang
gusti Alloh SWT supaya
diparingi kelancaran ing pasinaon dina
iki.
Dina iki kita sinau ing wulangan 3
kegiatanku pasinaon 2
Ayo, disinaoni bareng-bareng!
Pasinaon 2
Mangerteni Pancadriya
pawongan mesthi duweni pancadriya
pancadriya dumunung ing awak
pancadriya gunggunge ana lima
ana indra kanggo nrasakake yaiku lidhah
indra kanggo ngingeti yaiku mata
indra kanggo ngrungokake yaiku kuping
indra kanggo demok yaiku kulit
Gatekno wacan ing ngisor iki!
Nyirami Kembang
saben setu aku seneng ngopeni kembangku
kembangku dununge ing emper omah
kembang dak tandur kaliyan ibuku
aku lan ibu seneng kaliyan kembang
kembang iku ambune arum
aku seneng banget ngambu kembang
aku ngembu gunakake irungku
saliyane iku aku seneng ngingeti kembang
ana warna abang, kuning, putih
biru, ungu lan sapanunggalane
aku ngingeti gunakake mripat
kembang agawe aku seneng
kembangku ana akeh jenise
Kamus becik
dumunung : manggon
panca : lima
perangan : bageyan
babagan : gambarake sawijining bab
gunggung : jumlah
TUGAS
Ayo kerjakno LKS Bahasa Jawa Halaman 37
Belum ada Komentar untuk "KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 3 KEGIATAN 1 PASINAON 2"
Posting Komentar