KELAS 3 BAHASA JAWA (PARIWISATA)

Assalamualaikum anak anakku kelas 3 kepiye kabarmu, muga-muga sehat lan aja lali semangat sinau. Tetep njaga kesehatane lan aja lali ndonga marang gusti Allah SWT.

NYEMAK

Wacanen Sing Titi !

KEBUN BINATANG

 

Ulangan umum semester siji mentas bae rampung. Bocah-bocah mung kari ngenteni bijine. Dongane bocah-bocah, muga-muga bijine bisa apik. Sawise ulangan semesteran mesthi libur suwene seminggu. Ing liburan mengko bocah-bocah kelas 3 arep darmawisata. Sing dituju kebun binatang Surabaya. Sababe bocah-bocah kelas telu durung tau menyang kebun binatang. Dadi senenge ora jamak. Ing batin kepengin banget enggal-enggal budhal.

Dina sabtu watara jam 06.00 bocah-bocah kelas telu budhal numpak bis mini. Kalebu Budi, Darti, Sumi, Parmi, lan Badhu. Bocah kelas telu seng cacahe ono 32melu kabeh.  Budi lungguh ing samburine Pak Sopir. Jejer karo Darti, Sumi, lan Parmi. Badhu lungguh ing mburi, awor karo kanca-kanca liyane. Budi pancen bocah meneng, ora akeh omonge. Beda karo Darti. Darti iku pancen seneng ngomong. Dadi kanca-kancane ing sakiwa tengene ora ngantuk. Sumi bocah sing seneng maca. Ing njero bis dheweke panggah maca. Parmi seje maneh, bocahe ngantukan. Kanca-kancane guyon dheweke turu ing njero bis.

Sing beda karo kanca-kancane iku Badhu. Dheweke rada bandhel, ora gelem lungguh. Mung mloka-mlaku ing njero bis, karo nggodha kancane. Pak Guru kanthi sabar lan tlaten ngetutake bocah-bocah. Bocah-bocah dipundhutake karcis, kanggo melbu. Budi lan Darti seneng ndheleng gajah. Sumi lan Parmi luwih seneng ndheleng badhak. Badhu bocah sing rada bandhel, dikandhani bola-bali kareben ora nyedhaki kewan galak sing bebayani, ora ngrewes.

Bocah-bocah seneng banget ndeleng kewan-kewan sing akeh jinise. Sajake bocah-bocah wis padha marem atine. Mulane matur Pak Guru supaya enggal mulih. Tekan omah padha crita marang bapak lan ibune.

Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki !

1.      Menyang ngendi bocah kelas telu anggone darmawisata?

2.      Budhale dina apa lan jam pira?

3.      Sapa bae sing lungguh ing secedhake Pak Sopir?

4.      Coba aranana jinise kewan-kewan sing ana ing kebun binatang!

5.      Kepriye watake siji-sijine bocah, Pak Guru, sing dicritakake ana wacan mau? 

Basa ngoko lan krama alus

Tuladha:

a.      Bapak kaliyan ibu badhe tindak Surabaya      (basa krama alus)

b.      Bapak karo ibu arep menyang Surabaya       (basa ngoko)

c.       Eyang lenggahan kaliyan mirsani TV             (basa krama alus)

d.      Embah lungguhan karo nonton TV                 (basa ngoko)

Garapen kaya tuladha :

1.        a. Kula sowan mriki.

b. .......................................................

2.  a. Panjenengan kula aturi rawuh mriki

b. ..........................................................

3. a. Kala wingi eyang kondur

b. .........................................................

4. a. Kula dipun timbali Pak Guru

b. .........................................................

5. a. Kula aturi nyare mariki

 b. ........................................................ 

Berlangganan update artikel terbaru via email:

Belum ada Komentar untuk "KELAS 3 BAHASA JAWA (PARIWISATA)"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel