KELAS 3 BAHASA JAWA (IRIT ENERGI BUMI LESTARI)

 

Banyu salah sijine energi seng dicawisake dening alam. Banyu ora winates, nanging carane migunakake kudu mawa di irit. Semono uga energi liyane kayata bensin, solar, lan listrik. Ing wulangan iki murid-murid diajak sinau, kepriye carane ngirit energi.

PASINAON 1

A.  Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi patitis !

Bendungan Karangkates

Ing wewengkon Kabupaten Malang sisih kidul, persise ing Kecamatan Sumberpucung ana bendunga. Bendungan iki diarani Bendungan Karangkates. Mula bukane bendungan iki dibangun kanggo Pembangkit Listrik Tenaga Air kang dicekak PLTA. Pembangunan PLTA iki tujuane kaggo nyukupi kebutuhan listrik ing tlatan Malang Raya.

Nanging kajaba iki uga kanggo kebutuhan irigasi sawah kang ana ing sakiwa tengene bendungan. Sakawit sawah ing kono arupa sawah tadhah udan. Kang bisa ditanduri mung ing mangsa rendheng. Saiki wes beda, ora ngenteni udan bisa nenandur. Jalaran kebutuhan banyu ora dadi masalah. Cekake Bendungan Karangkates temen-temen migunani tumrap masyarakat, mligine masyarakat sakiwa tengene. Mula saka iku Bendungan Karangkates perlu dijaga supaya ora nganti rusak.

Banyu lan listrik perlu diirit. Migunakake listrik secukupe, lampu sing ora kanggo kudu dipateni. Semono uga banyu. Banyu, listrik, lan energi liyane perlu diirit jalaran energi ora mung kanggo saiki nanging saklawase.

A.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1.      Apa irah-irahane (judhule) wacan ing dhuwur?

2.      Ing ngendi dununge Bendungan Karangkates iku?

3.      Apa tujuane sakawit Bendungan Karangkates dibangun?

4.      Apa kang diarani sawah tadhah udan iku?

5.      Apa maneh manfaate Bendungan Karangkates kajaba kanggo Pembangkit Listrik Tenaga Air?

6.      Kepriye sawah kang ana sakiwa tengene Bendungan Karangkates saiki?

7.      Kepriye carane supaya Bendungan Karangkates ora nganti banyune asat?

8.      Apa sebabe migunakake banyu, listrik, lan energi liyane kudu diirit?

 

B.      Isenana titik-titik ing ukara ngisor iki kanggo tembung sing mathuk lan bener!

1.      Bendungan Karangkates .... ing Kecamatan Sumberpucung

2.      PLTA cekakan saka ....

3.      Sawah tadhah udan bisa ditanduri mung yen ....

4.      Banyu, listrik, minyak bumi iku diarani .... kang kudu diirit

5.      Carane ngirit listrik upamane .... listrik sing ora kanggo

6.      Kran kudu dipateni supaya banyu ora .... terus

7.      Migunakake energi kudu kanthi .... jawab

8.      Energi ora mung kanggo saiki wae nanging ....

9.      Kajaba banyu lan listrik ana .... kang kudu diirit

10.  Supaya banyu bendungan ora asat sakiwa tengene ditanduri ....


Berlangganan update artikel terbaru via email:

Belum ada Komentar untuk "KELAS 3 BAHASA JAWA (IRIT ENERGI BUMI LESTARI)"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel