KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 1 PENGALAMANKU

Budaya Jawa pancen adi luhung, bab iki bisa katitik anane ungguh-ungguh lan tata krama. Mula supaya bab iki tansah bisa lestari, ayo ing pasinaon iki disinau kanthi temen-temen.


WULANGAN 1 PENGALAMANKU

Ayo Nyemak wacan Bab Ing ngisor iki

Pasinaon 1



Kecemplung Kalen

Dina Sabtu kepungkur murid-murid SD Negeri Tirtamaya jam sepuluh wis mulih.Bima, Ari lan Rudi mulihe bebarengan. Ing dalan bocah-bocah iki crita lan gegojengan.Dumadakan ora let suwe uda. Udane saya suwe saya deres. Bocah telu iku banjur ngiyup ing gerdhu poskamling. Ing gerdhu kuwi Bima, Ari lan Rudi nganggo jas udan sing saben dina digawa ana ing njero tase, bnjur nerusake lakune. Bocah-bocah iki pancen rukun lan seneng guyon. Olehe guyon gayeng nganti ora weruh yen sisih kiwa dalan kalen amba lan jero.Kalene ora ana tutupe, Bima mlakune kengiwanen. Saking gayenge oleh guyon lan dalane lunyu, Bima kepleset kecemplung kalen sing banyune kebak lan iline banter. Bima bengok-bengok njaluk tulung, Ari lan rudy ora biso nulungi bocah loro iki mung nangis lan njerit-njerit. Krungu swara bocah pating njerit njaluk tulung pak nardi enggal-enggal marani. Bima banjur ditulungi dientasake saka kalenbanjur dieterake menyang omahe.

Ibune Bima banjur ngaturake atur panuwun marang pak Nardi mengkene ature " Matur nuwun pak nardi, anak kulo panjenegan tulungi. Mugi-Mugi Alloh mbales kesaenan Penjenengan"

Pak Nardi ngendika " Nggih bu, Sami-sami"

ing wacan ing nduwur,ana ukara atur panuwun

Sak iki ayo gawe ukrara bab panyuwunan pangapura, trisna asih lan atur panuwun


Tuladha

1. Atur Panuwun

    a. Bulik matur nuwun, aku diparingi sangu

    b. Dhik suwun ya,aku wis kok terake mrene

    c. Bu, cekap semanten rumiyin, matur nuwun

2. Panyuwunan Pangapura

    a. Dhik sepurane ya, aku ora bisa mrene

    b. Mas, nyuswun pangapunten,kula dereng saget sowan

    c. Pakdhe, Sepinten kelepatan kulo nyuwun pangapunten

3. Tresna Asih

    a. Ndhuk, iki dak wenehi dhuwit kanggo sangu

    b. Le, aja dolanan lading mengko kebacok

    c. Kangmas, mangga yen badhe dhahar

Pasinaon 2

Wong jawa nduweni tembung kang nuduhake katresnan. Tembung kuli kayata; Ndhuk, Le, Nok, nang, lan isih ana maneh.

Tuladha

1. Ndhuk, Ibu nimbali nani

2. Aja udan-udan Nok, Ngendikane marang nina

3. Le, iki tas e sapa?


Gladen

1. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

    a. Sapa sing mulih sekolah bebarengan?

    b. Sapa sing kecemplung kalen?

2. Tulisan ing isor iki turunen!

    a. Nalika diparingi ddhuwit aku ngucapake matur nuwun

    b. Ndhuk, Ibu nimbali santi

    c. Nalika didukani aku nyuwun pangapura jalaran aku pancen luput

Garapen ing buku tulis basa jawa nyuwuna bantuan ibu utawa bapakmu




Berlangganan update artikel terbaru via email:

Belum ada Komentar untuk "KELAS 1 BAHASA JAWA WULANGAN 1 PENGALAMANKU"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel