Kelas 1 (basa jawa/tembang dolanan)

  Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anakku, ayo ajar basa jawa nganggo tembang (nyanyi). Ayo, iki ana tembang gundhul-gundhul pacul.

- Coba ayo di tembangke (dinyanyikan) ! 

1. Kenapa kok diarani Gundhul ?

- Diarani gundhul amarga ora ana rambute.

2. Apane sing gundhul ?

- Sing gundhul kuwi sirahe.(sirah ya, ora oleh endhas. Yen endhas kanggo kewan)

3. Apa sing disunggi ?

- sing disunggi yaiku : wakul

4. Wakul dienggo wadhah apa ?

- Wakul kuwi di enggo wadhah sega.

5. Apa latar kuwi ?

- latar iku halaman sing ana ning ngarep omah.

----------------

- Anak-anakku, akeh banget tembang dolanan kang bisa gawe sinau basa jawa, sak liyane gundhul-gundhul pacul ana menthok-menthok, dondong apa salak, gambang suling lan liya liyane.

- Dadi ajar basa jawa kuwi gampang banget, nganggo tembang (nyanyi) bae wis bisa ajar basa jawa.

- Ayo dienggo latihan, coba wangsulana pitakon (jawab pertanyaan) iki !

1. Apa bae perangan awak (anggota tubuh) sing manggone ana sirah ? sebutne !

2. Mripat iku kanggo apa ?

3. Kuping kuwi gunane dienggo apa ?

4. Sega kuwi asale saka apa ?

5. Apa kowe weruh pacul ? yen weruh, sapa sing kerep nggawa pacul ? 

- Iku bae dhisik, sugeng ajar basa jawa, aja lali shalat lan tansah ndedonga, muga gusti Allah tansah paring karaharjan menyang kowe kabeh lan keluargamu. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

Belum ada Komentar untuk "Kelas 1 (basa jawa/tembang dolanan)"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel